BARU

Jumat, 02 Oktober 2009

Syair tanpo Waton

Ngawiti ingsun nglara si iraran

kelawan muji paring pengeran

Kang paring rohmat lan knikmatan

rino wengino tanpo pritungan

Dho bolo konco prio wanito

ojo mung ngaji sareat bloko

Gur pinter nulis lan moco

tembe burine bakal sang soro

Akeh kang apal qu’ran hadise

seneng ngafirke marang liane

Kafire dewe dhak di getekke

yen iseh kotor ati lan akale

Gampang kebujuk nafsu angkoro

Eng pepaese gebyare ndunyo

Iri lan meri sugio tonggo

Mulo atine peteng lan nesto

Ayo sedulur jo ngelaleake

Wajipe ngaji sak pranatane

Go ngandelake iman tauhite

Baguse sangu mulyo matine

Ke aran shole bagus atine

Kerono mapan sering elmuni

Lagu torekot lan makrifate

Ugo hakekot manjing rasane

Alqur’an Qodim Wahyu minulyo

Tanpo tinule biso di woco

Iku wejangan guru waskito

Den tancepake eng jero dodo

Kumantil ati lan fikiran

Mrasuk ing badan kabe jeroan

Mukjizat rosul dadi pedoman

Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Alloh kang moho suci

Gudu rangkulan rino lan wengi

Di tirakati di riadhoi

Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem, rumongso aman

Dununge roso tondo yen iman

Sabar narimo najan paspasan

Kabeh Tinakdir saking pengeran

Kelawan konco, dolor lan tonggo

Kang podo rukun ojo disio sio

Iku sunnahe rosul kang mulyo

Nabi Muhammad panutan kito

Kang anglakoni sekabeani

Alloh kang bakal ngangkat drajate

Senajan asor toto zdohire

Ananging mulyo makom drajate

Lamun palastro ing pungkasane

Ora kesasar roh lan sukmane

Denjadang Alloh suwargo manggone

Utoh mayite ugo ulese

0 komentar:

Posting Komentar